Senin, 14 Mei 2012

paribasan (basa jawa)

PARIBASAN JAWA

Ada yang inget peribhasa jawa? ini ada sebagian paribasan yang sangat terkenal,..

Adigang, adigung, adiguna - Ngandelaké kakuwatané, kaluhurané, lan kapinterané.
Bathok bolu isi madu - Wong asor nanging sugih kapinteran.
Becik ketitik ala ketara - becik lan ala bakalan ketara ing mburiné
Dhemit ora ndulit, setan ora doyan - Tansah diparingi slamet ora ana kang ngrusuhi
Emban cindhé emban siladan - Pilih kasih ora adil
Enggon welut didoli udhet - Panggoné wong pinter dipameri kapinteran sing ora sepirowa
Gupak puluté ora mangan nangkané - Mélu rekasa nanging ora mélu ngarakaké kepénaké
Jer Basuki mawa béa - Samubarang gegayuhan mbutuhaké wragat
Kacang ora ninggal lanjaran - Anak niru wong tuwané
Kaya banyu karo lenga - Wong kang ora bisa rukun
Kebo nusu gudél - wong tuwa njaluk wuruk marang wong enom
Kegedhen empyak kurang cagak - Kegedhén kakarepan nanging kurang sembada
Kuthuk marani sunduk - Ula marani gepuk - Marani bebaya
Maju tatu mundur ajur - Prakara kang sarwa pakéwuh
Nabok Nyilih tangan - Tumindak ala kanthi kongkonan wong liya
Pupur sakdurungé benjut - Ngati ati mumpung durung cilaka
Sapa Sing salah bakal séléh - Sapa sing salah bakal konangan
Tumbak cucukan - Wong kang seneng adu-adu
Tulung Menthung - ditulungi malah ngrusuhi
Wiwit kuncung nganti gelung - Wiwit cilik nganti tuwa
Yuyu rumpung mbarong rongé - Omahé magrong2 nanging sejatiné mlarat
Anak polah bapa kepradhah : Wong tuwo nemu ribed amarga polahe anak
Andhang andhang tetesing embun : Njagakake barang mung saolehe bae
Ancik ancik pucuking eri : Wong kang tansah sumelang yen kaluputan
Bathok bolu isi madu : Wong asor nanging sugih kapinteran
Bebek mungsuh mliwis : Wong pinter mungsuh wong pinter
Bubuk oleh leng : Duwe niyat ala oleh dalan
Cebol nggayuh lintang : Duwe kekarepan sing mokal bakal kelakon
Cecak nguntal empyak : Gegayuhan sing ora timbang karo kekuatane
Cedhak celeng boloten : Cedhak karo wong ala njalari katut ala
Desa mawa cara,negara mawa tata : Saben panggonan duweni pengadatan dhewe dhewe
Diwenehi ati ngrogoh rempela : Diwenehi sathithik nyuwun sing akeh
Dudu berase ditempurake : Nyambung guneme liyan nanging ora gathuk
Emprit ambuntut bedhug : Prakara sepele dadi gedhe
Endhas gundhul dikepeti : Wis kepenak ditambahi luwih kepenak maneh
Esuk dhele sore tempe : Ora manteban ati ( mencla mencle )
Gajah alingan suket teki : Lair karo batine beda banget,mesti bakal ketara
Golek uceng kelangan dheleg : Golek sathithik malah kelangan sing akeh
Gupak pulute ora mangan nangkane : Melu rekasane ora melu kepenake
Iwak klebu ing wuwu : Kena apus kanthi gampang banget
Idu didilat maneh : Njabel gunem sing wis kawetu
Jarit luwas ing sampiran : Wong duwe kapinteran nanging ora digunakake
Jati ketlusuban ruyung : Golongane wong becik kelebon wong ala
Jer basuki mawa beya : Kabeh gegayuhan butuh wragad
Kakehan gludhug kurang udan : Kakehan omong tanpa bukti
Kebo bule mati setra : Wong pinter nanging ora ana sing mbutuhake
Kebo nusu gudel : Wong tuwo njaluk wuruk wong enom
Keplok ora tombok : Melu seneng ora wragad
Kriwikan dadi grojogan : Prakara sepele dadi gedhe
Lahang koroban manis : Rupa bagus/ayu tur luhur budine
Lambe satumang kari samerang : Aweh pitutur bola bali ora digape
Legan golek momongan : Wong kepenak golek rekasa
Madu balung tanpa isi : Parapadu jalaran barang sepele
Mikul dhuwur mendhem jero : Njunjung drajade wong tuwa
Milih milih tebu oleh boleng : Jalaran kakehan pilihan wusanane oleh sing ala
Nabok nyilih tangan : Nindakake tumindak ala kanthi kongkonan
Nututi layangan pedhot : Ngupaya barang sepele sing wis ilang
Ngemut legining gula : Bareng kerasa kepenak lali asale
Nglungguhi klasa gumelar : Nemu kepenak tanpa melu rekasa
Othak athik didudut angel : Rembuge sajak kepenak bareng ditandangi jebule angel
Ora mambu enthong irus : Dudu sanak dudu kadang
Ora uwur ora sembur : Ora gelem cawe cawe babar pisan
Palang mangan tanduran : Dipercaya malah ngrusak
Pitik trondhol diumbar ing padaringan : Wong ala dipasrahi tunggu barang aji
Pupur sawise benjut : Ngati ngati sawise kebacut
Rawe rawe rantas malang malang putung : Kabeh sing ngalang ngalangi disingkirake
Rindik asu digitik : Dikongkon nglakoni gaweyan sing cocok karo karepe
Sedhakep ngawe ngawe : Mareni tumindak ala nanging isih kepingin tumindak maneh
Sembur sembur adas,siram siram bayem : Bisa kaleksanan jalaran pandungane wong akeh
Sumur lumaku tinimba : Nawakake ilmu supaya diangsu
Timun wungkuk jaga imbuh : Kanggo jagan yen ana kurange
Tinggal glanggang colong playu : Keplayu saka tanggung jawab
Tumbu oleh tutup : Wong kekancan sing cocok banget
Ula marani gepuk : Njarag marang bebaya
Ungak ungak pager arang : Ngisin ngisinke pokal gawene
Wis kebak sundukane : Wong sing akeh banget kaluputane
Yuyu rumpung mbarong ronge : Omahe katon njenggarong nanging mlarat
Yiyidan mungging rampadan : Wong durjana dadi alim
Yoga anyanggo yogi : Murid nirokake piwulange guru

PARIBASAN JAWA [08:28 PM, 28-May-10]
Free Fun Mobile Flirting Site
Berikut ini catatan Paribasan Jâwâ :
•    Adigang, adigung, adigunâ
Ngandelaké kekuwatané, kaluhurané, lan kapinterané
•    Becik ketitik ala ketara
Becik lan âlá bakal ketârâ ing tembé mburiné
•    Dhemit ora ndulit, setan ora doyan
Tansah diparingi slamet ora ana sing ngrusuhi
•    Emban cindhe, mban siladan
Pilih kasih, ora adil
•    Gupak puluté ora mangan nangkanê
Melu rekâsâ nanging ora mèlu ngrasakaké kepenak
•    Tumbak cucukan
Wong sing seneng adu-adu
•    Sapa sing salah bakal séléh
Sapa sing salah bakal konangan
•    Pupur sak durungé benjut
Ngati-ati mumpung durung cilâkâ
•    Maju tatu mundur ajur
Prakârâ kang sarwâ pakéwuh
•    Jer basuki mâwâ béâ
Samubarang gegayuhan mbutuhaké wragat
•    Yitnâ yuwânâ mati lénâ
Wong sing ngati-ati bakal slamet, wong sing sembrânâ bakal cilâkâ
•    Ajining dhiri sâkâ lathi, ajining salirâ sâkâ busânâ
Âlâ apiké wong bisâ didelok sâkâ tutur katané lan pakéané
•    Kebo nusu gudel
Wong tuwâ njaluk wuruk marang wong enom
•    Kegedhen empyak kurang cagak
Kegedhen kekarepan nanging kurang sembada
•    Anak polah bapa kepradah
Wong tuwâ nemu ribed amargâ polahé anak
•    Mikul dhuwur mendhem jero
Njunjung drajadé wong tuwâ
•    Sembur-sembur adas, siram-siram bayem
Bisâ kelaksanan jalaran pandungané wong akeh
•    Anggon ulat ngumbar tangan
Ngulataké kahanan yén limpé banjur di colong
•    Keplok ora tombok
Wong senengané maido thok, ora gelem melu cawé-cawé

Beberapa filsafat jawa yang biasa
- Memayu hayuning bawana (melindungi bagi kehidupan dunia)
- Sukeng tyas yen den hita (suka/bersedia menerima nasihat, kritik, tegoran)
- Jer basuki mawa beya (keberhasilan seseorang diperoleh dengan pengorbanan)
- Ajining dhiri dumunung ing kedhaling lathi (nilai diri seseorang terletak pada gerak lidahnya)
- Ajining sarira dumunung ing busana (nilai badaniah seseorang terletak pada pakaiannya)
- Amemangun karyenak tyasing sesama (membuat enaknya perasaan orang lain)
- Kridhaning ati ora bisa mbedhah kuthaning pasthi (Gejolak jiwa tidak bisa merubah kepatian)
- Budi dayane manungsa ora bisa ngungkuli garise Kang Kuwasa (Budi daya manusia tidak bisa mengatasi takdir Yang Maha Kuasa)
- Sura dira jayaningrat lebur dening pangastuti (kemarahan dan kebencian akan terhapus/hilang oleh sikap lemah lembut)
- Tan ngendhak gunaning janma (tidak merendahkan kepandaian manusia)


Masih banyak filsafat-filsafat jawa yang lain.
Satu hal yang harus diingat, mempelajari kebudayaan suatu daerah bukan berarti kita menjadi “rasis” atau fanatik kedaerahan, namun itu semua sebagai wujud pertanggung jawaban kita terhadap peninggalan nenek moyang bangsa kita. Dan juga melestarikan kebudayan daerah bukan hanya menjadi tanggung jawab warga daerah tersebut. Tetapi juga menjadi tanggung jawab kita semua.. (ingat semboyan bangsa kita “Bhineka Tunggal Ika”…..)
Bangsa yang besar bukan hanya bangsa yang hidup modern, tetapi juga bangsa yang mampu hidup modern tanpa meninggalkan ajaran dan nilai luhur kebudayaannya.

"Ngelmu iku kalakone kanthi laku"
bila ingin pandai harus belajar). Ini berarti bahwa bila ingin pandai, seorang anak didik dalam keluarga harus belajar keras. Hal ini dapat disamakan dengan ungkapan
"Jer basuki mawa beya"
(keberhasilan seseorang diperoleh dengan pengorbanan).

"Nulada laku utama"
mencontoh perbuatan yang baik). Ini berarti semua anggota keluarga harus mencontoh pada perbuatan yang utama dan yang baik.

"Ngono ya ngono, ning aja ngono"
(demikian ya demikian, tetapi jangan demikian). Ini berarti berbuat boleh, berbicara boleh juga, tetapi jangan sampai menyakiti hati dan perasaan orang lain. Atau dalam berbuat jangan melewati wewenangnya. Ungkapan ini untuk mengendalikan diri, jangan berbuat melebihi wewenangnya dan jika berbicara jangan orang lain tersinggung.

"Aja Gugu karepe dewe"
(jangan berbuat sekehendak sendiri). Atau “Aja nuhoni benere dewe” (jangan merasa benar sendiri). Atau “Aja mburu menange dewe” (jangan mengejar/merasa menang sendiri). Ungkapan tersebut di atas sifatnya memperingatkan dalam keluarga atau lebih luas dalam masyarakat agar jangan menganggap dirinya yang paling benar, dalam tingkah laku, kepandaian dan kebijakan, pendapatdan lain sebagainya.

"Mikul dhuwur mendhem jero"
{memikul tinggi menanam dalam). Artinya orang yang senantiasa bertanggungjawab kepada keluarga dengan membawa nama baik keluarga atau orang tua. Dengan menjunjung derajat orang tua si anak akan harum namanya.

"Kacang mangsa tinggal lanjaran"
(kacang tidang mungkin meninggalkan jalur). Maksudnya, watak dan tingkah laku anak biasanya mirip dengan tingkah laku orang tua. Ini berarti bahwa orang tua harus yang baik kepada anak-anaknya agar anak-anaknya selalu merasa nyaman dalam kehidupan keluarga.

"Kaya mimi lan mintuna"
(seperti sepasang ikan mimi dan mintuna). Artinya kasih sayang ayah dan ibu, tidak bercerai-berai atau tidak dapat diceraikan dan selalu rukun. Kasih sayang ibu dan ayah, dapat digeser ke kasih sayang adik-kakak, orang tua-anak dan sebaliknya anak harus hormat kepada orang tua dan berbakti agar dalam keluarga tidak terjadi pertengkaran.

"Wong bodho dadi pangane wong pinter"
(orang yang bodoh menjadi objek rejeki orang yang pinter). Ungkapan ini menggambarkan perubahan dalam idealisme dan cara pendidikan keluarga yang berlainan. Dalam keadaan sekarang generasi muda harus rajin belajar, menjadi orang yang pandai untu kesuksesan hidupnya.

Ungkapan bahasa Jawa yang lain misalnya:

1. Adigang, adiguna, adiguna (Ngendelake kakuwatane, kaluhurane lan kapinteran)

2. Ana catur mungkur ( Ora gelem ngrungokake rerasan sing ora becik)

3. Ana daulate ora ono begjane (Wis arep nemu kabegjan, naing ora ...
4. Ana gulo ana semut (Panggonan sing ngrejekeni, mesthi akeh wong sing nekani)

5. Anak polah bapak kepradhah (Wong tuwa nemu reribed amargo sako polahing anak)

6. Angon mangsa (Golek wektu sing prayogo)

7. Angon ulat ngumbar tangan (Nyawang kahanan jalaran arep nyolong0

8. Arep jamure emoh watange (Gelem kepenake ora gelem rekasane)

9. Asu arebut balung ( Pepadon rebutan barang sepel



Bebasan
Adhang-adhang tetesing ebun : Ngarep-arep pawewehing liyan.

Andaka ketaman wisaya : Wong prekaran, bareng rumangsa arep kalah, banjur minggat.

Anak-anakan timun : Ngopeni bocah (lumrahe bocah wadon) bareng wis banjur dipek bojo .

Aji-aji waringin sungsang : Jinising aji-aji sing njalari awak bisa digdaya.

Bacin-bacin iwak ala-ala sanak : Sanajan ala, jalaran isih sedulur, mesthi ora tega yen nganti nandhang sangsara.

Bali menyang kinjeng dome : Wong cilik dadi wong ngaluhur , nanging banur dadi wong cilik maneh.

Bathang gajah : Tilas wong gedhe.

Banyu gege : Banyu diwenehi kembang lan dimantrani kanggo ngedusi bayi.

Banyu pinerang : Pasulayan ing antarane sedulur, mesthi banjur pulih maneh.

Banyu tangi : Banyu anget (banyu tawa kacampuran wedang) kanggo ngedusi bocah.

Banyu tuli : Banyu kang kanggo syarat nambani wong lara.

Banyu windu : Banyu kang diwayokake.

Bebasan godhong mlumah dikurepake, godhong mureb dilumahake : Anggone nggoleki tliti banget.

Bocah aras kembang : Gampang disihi bendara.

Bubuk oleh leng : Wong duwe sedya ala, banjur oleh dalan sing prayoga.

Byung-byungan kaya tawon kambu : Ora ngerti marang lungguhe rembug, anut grubyug ora ngerti ing rembug.

Bramara mangrurah kusuma : Kombang ngrusak kembang.

Brakithi angkara madu: Wong tumeka tiwas jalaran saka pekaremane . Brakithi = semut.

Cablek-cablek lemut : Nindakake pegaweyan sing remeh.

Caruk banyu : Gedhe cilik, ala becik dianggep padha bae, racak.

Cebol ngayuh lintang : Wong cilik (sekeng) nduweni panggayuh sing gedhe, mokal kelakone.

Cedhak kebo gupak : Sesrawungan karo wong ala, mesthi katute.

Dadia godhong moh nyuwek dadia banyu moh nyawuk : Wong sing ora gelem sesrawungan maneh.

Debog bosok galih asem : Ucape wong yen kepethuk (weruh) mayit digotong. Miturut gugon tuhon ngucap mangkono mau supaya slamet.

Dibalang kembang mbalang tai : Diapiki males ala.

Dicutat kaya cacing : Ditundhung kanthi cara kang siya-siya.

Diedu padha banyune : Diedu tunggal guru lan ngelmu.

Dikayu alakake : Dianggep wong ala , dicecamah.

Dikena iwake, aja nganti buthek banyune : Bisaa kaleksanan sing disedya, aja nganti gawe gendra.

Ditemu kuwuk : Diwales (diprawasa) dening mungsuhe ing papan kang prayoga kanggo males.

Dolanan ula mandi : Nindakake pakaryan sing mbebayani banget.

Dom sumuruping banyu : Tindak nyamar, laku dhedhemitan nganti sedyane ora kaweruhan dening wong liya.

Enggon welut didoli udet : Wong pinter diumuki kapinteran.

Gajah meta cinancang wit sidaguri, patine cineker ayam : Kraman aran Dirana (anake sratine Gajah aran Dirada ) Kepikut, dicancang ing wit sidaguri, wusanane tumeka pati dirampog sarana dicocogi dom.

Gajah ngidak rapah : Wong sing nerak wewalere (angger-anggere) dhewe.

Giri lusi janma tan kena ingina : Ingatase cacing bae bisa munggah gunung, apa maneh manungsa, babar pisan ora kena diina.

Golek banyu bening : Maguru, madhukun.

Gurem thethel-tehthel : Wong cilik (sekeng) duwe panjangka sing ora majad sarana ngedol barang darbeke.

Iwak kalebu ing wuwu : Wong sing kena krenahing mungsuh ora bisa ucul maneh.

Jangkrik mambu kili : Wong sing nduweni watak brangasan dikileni, mesthi gampang muntabe.

Jaran kembang duren : Jaran kang ulese kuning.

Jati ketlusuban ruyung : 1. Kalebon telik sandi (mata-mata). 2. Golongane wong becik lkalebon wong ala.

Kakehan gludhug kurang udan : Wong kang akeh guneme, nanging ora ana nyatane.

Kaya kinjeng tanpa soca : Tumindak nunak-nunuk jalaran ora ngerti tata-caraning panggenan sing di parani.

Kaya welut dilengani : Guneme lunyu banget, anggone padu pinter banget.

Kandhang langit kemul mega : Wong sing klambrangan, ora duwe omah.

Kesandhung ing rata, kebentus ing tawang : Nemoni bebaya (reribed) ing papan sing ora mbebayani.

Kekudhung walulang macan : Aling-aling wong sing nduweni panguwasa, supaya gampang ketekan sedyane.

Kembang paes : Kembang sing sepisanan, lumrahe ora dadi woh.

Kembang setaman : Kum-kuman kembang sing apik-apik kanggo sarat mijiki temanten.

Kendhit mimang kadang dewa : Kalis saka bebaya.

Ketiban ndaru : 1. Katekan bendara utawa karawuhan wong gedhe. 2. Wong oleh kabegjan gedhe.

Ketiban pulung : Tampa kabegjan gedhe.

Kleyang kabur kanginan : Lunga menyang endi-endi ora karuwan sing dijujug.

Kriwikan dadi grojogan : Prekara sepele wusanane dadi gedhe.

Kucing kembang asem : Kucing sing ulese abang semu kuning.

Kumenthus ora pecus : Umuk, nanging bisa mrantasi gawe.

Kumrisik tanpa kanginan : Ngandhakake resike atine, jalaran kuwatir diterka.

Lawas-lawas kawongan godhong : Wong ngabdi suwe-suwe mesthi ora kanggo.

Lebak ilining banyu : Wong cilik (andhahan ) lumrah kanggo tebane kaluputan ( Kaluputane wong gedhe lumrahe ditibakake andhahane.

Londho-londho walang sangit nggendhong kebo : Katone ora nduweni ati ala, nanging satemene nduweni ati sing culika banget.

Kana nggone kana wite : Ukara iku lumrahe diucapake samangsa wong nemoni lelakon ala, maksude supaya awake dhewe utawa kulawargane ora ketaman lelakon sing kaya mangkono.

Kayu taun : kayu sing lumrah dianggo balungane omah kajaba kayu jati, kayata : kayu weru, nangka, sengon lsp.

Kayu bakar : kayu sing diaanggo urub-urub utawa adang.

Kayu apu : jejnengte tetuwuhan sing kumambang ing segara.

Kayu manis : jenenge wit sing klikane legi semu pedhes.

Kebanjiran segara madu : Oleh kabegjan sing kaluwih gedhe.

Kemladheyan ajak sempal : Sadulur sing ngajak marang karusakan.

Kutuk marani sunduk : Wong kang niyat marani bebaya.

Kutuk nggendhong kemiri : Wong manganggo (berpakaian) mompyor ngambah dalan sing mbebayani (akeh begale).

Madu angin : Ngrembug (regejegan) bab sing tanpa guna.

Mburu kidang lumayu: Mburu rejeki sing durung mesthi bisa kagayuh.

Mbuwang rase oleh kuwuk : Nampik barang ala, oleh barang sing luwih ala.

Malang nggambuhi : Jejodhowan, sing wadon awake luwih gedhe tinimbang sing lanang.

Malang kadhak : Mathentheng ngatonake kuwanene.

Mburu uceng kelangan dheleg : Ngangkah barang sepele, malah kelangan barang sing luwih gedhe.

Meneng wada uleren : Wong meneng bae naging duwe sedya ala.

Mubra-mubru blabur madu : Sarwa kecukupan uripe malah kepara turah-turah rejekine.

Mungkur gangsir : Wong sing ora gelem cawe-cawe, ora melu-melu tumindak.

Nandur pari jero : Gawe kabecikan marang wong liya kanthi pangarep-arep bisaa nampa piwales.

Nandur wiji keli : Ngopeni turune wong luhur.

Ngangsu banyu ing kranjang : Meguru, sawise oleh ngelmu ora dipigunakake.

Ngandhut godhong randhu : Pepindhane wong guneme mencla-mencle.

Ngalasake negara : Wong tumindak sageleme dhewe, ora ngelengi aturan.

Ngaub awar-awar : Ngenger utawa ngawula marang wong sekeng, wong sing ora sugih utawa ora duwe panguwasa.

Ngaturake kidang lumayu : Nuduhake rejeki sing angel pangalape (nyekele).

Nggantang sari : mbobot, meteng.

Nggarap sari : nggarap toya, menstruasi.

Nggayuh ing tawang : Wong duwe pepenginan sing tangeh bisa kaleksanan.

Nggugat kayu aking : Nggugat wong sing wis mati.

Nglancipi singating andaka : Nenangi (membangunkan) nepsune wong sarana diwaduli apa-apa sing njalari ora senenge atine.

Nglaler wilis : Wong nglakoni panggawe nistha. Wilis = ijo.

Nglangkahi oyod mimang : Bingung. Mimang = oyod wringin, asring kanggo nulak bebaya sarana dikendhitake.

Ngubak-ubak banyu bening : Gawe rerusuh ing panggonan kang wis tentrem.

Ngubak-ubak suwakane dhewe : Gawe rerusuh ing wilayahe dhewe .

Nguyahi segara : Menehi barang (sumbangan) marang wong sugih.

Nrenggiling hangapi mati : Katone ora nggatekake barang sing lagi dirembug, nanging satemene nggatekake banget.

Nyalulu nruwelu : Wong mara menyang omahe wong duwe gawe nanging satemene ora diundang.

Nyawat abalang wohe : Wong lanang ngarah wanita alantaran sedulure wong wadon iku .

Nyundhang bathang bantheng : Njunjung wong gedhe sing wis apes.

Nyumur gumuling : Wong sing babar pisan ora bisa nyimpen wewadi, yen krungu warta sing wadi dicritakake kabeh (glogok sok).

Nguthik-uthik macan dhedhe : ganggu gawe wong sing lilih nepsune.

Oleh angin becik : Ana ungup-ungpe arep tampa kabegjan.

Ora ana banyu mili mandhuwur : Watak wantune anak mesthi kaya wong tuwane.

Pancuran kaapit sendhang : Anak 3 lanange 1 dumunung ing tengah.

Pantisari : Omah sing dumunung sing tengahing patamanan.

Rampek-rampek kethek : Nyanak -nyanak wong ala mesthi kena alane.

Rebut sari : Ungkul-ungkulan apike.

Sandhing celeng boloten : Sesrawungan karo wong ala, mesthi katute.

Sandhing kirik gudhigen : Sesrawungan karo wong ala mesthi katute.

Sanggar waringin : Bisa aweh pangayoman marang kadang kadeyane.

Salin slaga : Malih kelakuwane utawa pikirane . Slaga = Sing mbungkus kembang sadurunge kembang mekar (kelopak bunga).

Sarining pangan : pathi , zat pangan sing migunani awak.

Sawahe mung didol oyodan : Sawahe didol sapanenan. Ora sataun gadhu lan rendhengan.

Semut ngadu gajah : Wong cilik nadu wong gedhe.

Semut marani gula : Wong kang marani kamelikan (rejeki, pakareman, lsp)

Semut ireng anak-anak sapi : Dewi Sapudi (garwa pangrembe Prabu Brawijaya Majapait) pekulitane ireng manis, peputra Bondhan Kejawan kang sinebut Lembu peteng.

Sendhen kayu aking : Digugat nganggo tameng wong sing mati.

Setan nunggang gajah : Wong sing mung kepengin sakepenake dhewe.

Sinawuran sari ginanda wida jebat kasturi : Disebari kembang sing di urab wewangi saka dhedhes. Ganda-wida : dhedhes lan boreh. Jebat kasturi = dhedhes (wewangi saka klanjere rase. Jebat = kasturi.

Singidan nemu macan : Nyamar malah konangan panggedhene sing wis ngerti marang sedyane.

Sirat-sirat madu : Mung kanggo lelamisan bae.

Sulung alebu geni : Akehe pepeati ing paprangan, jalaran saben wadya sing arep lumawan mesthi mati.

Sumur lumaku tinimba : Wong sing kumudu-kudu dijaluki wuruk.

Suwe mijet wohing ranti : Pegawean sing gampang banget.

Taman sari : Patamanan , papan sing kanggo suka-suka parisuka.

Tengu mangan brutune : Wong dipercaya ngreksa barang-barang, malang dicolongi dhewe.

Thathit ngima unthit : Wong gedhe sing ngatonake pangwasane.

Timun jinara : Pakaryan sing gampang banget.

Timun wungkuk jaga imbuh : Wong bodho mung dianggo sedhiyan manawa ana kekurangan.

Timun mungsuh duren : Wong ringkih memungsuhan karo wong santosa.

Timun wuku gotong wolu : Pralambange R. Sutawijaya, jumenege ratu Mataram kanthi pambiyantune priyayi wolu yaiku : 1. Ki Pamanahan 2. Ki Jurumartani 3. Ki Jurukithing 4. Ki Buyut Wirasaba 5. Ki Panjawi 6. Tumenggung Mayang 7. Adipati Batang 8. Pangeran Made Pandan.

Trahing kusuma = rembesing madu = tedhaking andawarih : turuning bangsa luhur. Danawarih = danawa (buta) + arih (arih, mungsuh) = mungsuhe buta.

Tunggal banyu : Tunggal ngelmu, tunggal guru kebatinan.

Udan kethek macan dhedhe: Udan nanging srengengene isih ketara.

Ula marani gebug : Wong kang njarag marani bebaya.

Ula marani gitik : Wong kang njarag marani bebaya.

Ula dhaulu : Ula sing sirahe loro (mung ana ing dongeng).

Uripe aji godhong jati aking : Wong sing babar pisan ora kajen, disepelekake.

Wani cur-curan banyu kendhi : Wani sumpah.

Wanita srigunung : Wanita yen disawang saka kadohan katon ayu.

Wanita sritaman : Wanita yen disawang katon ayu saka cedhakan.

Wastra bedhah kayu pokah : Ketaton nganti putung balunge.

Wedang lelaku tumper cinawetan : Bocah karam jadah disirik kanca-kancane.

Witing tresna jalaran saka kulina: Sing njalari tuwuhe rasa tresna jalaran kerep srawung.

Wringin kurung : Wringin sing dipageri mubeng ing tengahing alun-alun.
Diposkan oleh Pak Ugeng di 20.19 1 komentar 
Kirimkan Ini lewat Email BlogThis! Berbagi ke Twitter Berbagi ke Facebook Berbagi ke Google Buzz
Label: PARIBASAN BEBASAN LAN SALOKA
Reaksi:    
Jumat, 10 Oktober 2008
Paribasan
Dom sumuruping banyu : Mata pita (mata-mata) banget ngati-atine ing panggonan mungsuh.

Dudutan lan anculan : Wong loro sekongkelan, nanging sing siji ethok-ethok ora weruh.

Dudu berase ditempurake : Melu nimbrung sing dudu prekarane.

Gajah marani wantilan : Wong sing sengaja marani bebaya.

Gajah ngidak rapah : Wong sing nerak wewalere (pepacuhe) dhewe.

Gambret singgang mrekatak ora ana sing ngundhuhi : Wong wadon (prawan) pinter srawung, nanging ana sing ngepek bojo.

Garang nanging garing : Wong sing katone mewah nanging salugune mlarat (ketara gagah nanging ora duwe).

Ngontragake gunung : Wong sing bisa ngalahake mungsuh sing luwih kuwat utawa rosa, nganti gawe gumune wong akeh.

Nglungguhi klasa gumelar : Wong kang kari nemu kepenake, ora melu rekasane .

Tigan kaapit ing ing sela : Wong ringkih dimungsuh wong loro tur luwih kuwat utawa rosa.
Diposkan oleh Pak Ugeng di 00.02 0 komentar 
Kirimkan Ini lewat Email BlogThis! Berbagi ke Twitter Berbagi ke Facebook Berbagi ke Google Buzz
Label: PARIBASAN BEBASAN LAN SALOKA
Reaksi:    
Kamis, 09 Oktober 2008
Paribasan
Adedamar tanggal pisan kapurnaman : Wong nggugat ing pengadilan, nanging nganti rampung, jalaran welas marang wong dijak prekaran.

Adol lenga kari busike : Wong dundnum barang nanging sing adum ora kebagean.

Adus kringget : Wong kang nyambut gawe abot.

Ambalung usus : Wong kang kekarepane kendho kenceng.

Ambondhan tanparatu : Wong sing ora ngakni paprentahan

Ambuntut arit : Rembugfan sing awale gampang wasa dadi angel.

Ambidhung api rowang : Wong ngggodha ( ngrusuhi) wong liya nanging ethok-ethok dadi kanca.

Ambeguguk angutha waton : Wong kang sengaja ora nuruti prentah

Tidak ada komentar:

Posting Komentar