Senin, 14 Mei 2012

conto tembung entar

Tembung Entar yaiku tembung kang tegesé ora kaya makna saluguné (kata kiasan).
Umpamané:
•    Abang-abang lambé: Ora tenanan/ora serius
•    Abang rainé: Nandhang isin
•    Abang kupingé: Kesuh/nesu banget
•    Adus kringet: Nyambut gawé abot banget
•    Adol kringet: Nyambut gawé
•    Ala jenengé: Ora iso dipercoyo
•    Bening ati: Sumèh
•    Cagak urip: Nggo nyukupi kabutuhan urip
•    Dawa tangané, tegesé clemer, seneng nyolong.
•    Dawa ususe tegesé sabar.
•    Jembar segarané, tegesé seneng ngapura kasalahané liyan.
•    Kuat isin: Ora tau isin
•    Ora duwé ati: Wong sing tega
•    Lunyu ilaté, tegesé mencla-ménclé.
•    Wani mati: Kendel banget/rada nekad
•    Weteng karèt: Akèh mangané

Tembung saroja iku tembung kang rinakit seka rong (2) tembung kang (mèh) padha tegesé lan bisa nuwuhaké makna kang luwih teges. Bisa maknané perkara kang ana sesambungané, bisa uga kahanan kang mbangetaké.
Tuladha:
•    sato kéwan = perkara kéwan
•    ayem tentrem = tentrem tenan
•    tepa tuladha = tuladha
•    tresna asih = asih tenan
•    colong jupuk = perkara nyolong utawa kagiatan nyolong.
Tembung Camboran
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Tembung camboran (basa Indonesia: kata majemuk), kuwi rong tembung utawa luwih kang digandhèng dadi siji.
Bab lan Paragraf
[delikna]
•    1 Miturut wutuh orané
•    2 Miturut hubungan wanda
•    3 Tembung garban
•    4 Delengen uga
•    5 Wacan
•    6 Pranala njaba

[sunting] Miturut wutuh orané
Miturut wutuh orané, tembung camboran iki kapérang dadi loro, yakuwi:
•    Tembung cambaoran wutuh, contoné: sisib sembir, baya pakéwuh, raja lélé lsp.
•    Déné wujud sijiné yakuwi wis dicekak (wancah). Contoné: bangjo: abang-ijo, barji barbèh: bubar siji bubar kabèh, gaji wakma: sega siji iwaké lima, nasgithel:panas legi kenthel lsp.
[sunting] Miturut hubungan wanda
Miturut hubungan wanda siji lan sijiné, tembung camboran bisa dipilah dadi telu, yakuwi:
•    Tembung camboran kang nduwèni teges sadrajad. (kopulatif). Contoné: gedhé cilik, tuwa nom, sumbang surung, sandhang pangan lsp. Rerocèn tembung bisa uga ditambahi tembung "lan" utawa"saha".
•    Tembung camboran kang tembung kapidhoné nerangaké tembung kapisan (determinatif). Contoné: jambu kapuk, pelem gadhung, manuk dara, lsp.
•    Tembung camboran kang tembung kapisan nerangaké tembung kapindhoné. Conto: Parama sastra = sastra kang parama (linuwih), Pandhu putra = putrané Pandhu, lsp.
[sunting] Tembung garban
Tembung camboran kang sambungan (sandhi) né awujud wandamenga (basa Indonesia: suku kata terbuka) lan wanda aksara swara (vokal), tembung-tembung kasebut banjur bisa luluh (ginarba) dadi siji dadi swara anyar. Tembung kuwi banjur disebut tembung garban. Tuladha:
•    a + a = a
Kusuma + astuti = kusumastuti
•    a + i = e
Teka + ing = tekèng
Ira + iku = irèku
•    a + e = e
Warna + edi = warnèdi
•    a + u = o
Wira + utama = wirotama
•    i + a (i,e,o,u) = y
Sami + oncat = samyoncat
•    u + a (i,e,o,u) = w
Tumuju + ing = tumujwèng
Sawetara ater-ater utawa panambang kang wanguné kaya wanda kasebut uga dadi sandhigarban. Tuladha:
•    sa +ulah = solah
•    sami + a = samya
•    ke + legi + an = kelegèn


Tembung saroja iku tembung kang rinakit seka rong (2) tembung kang (mèh) padha tegesé lan bisa nuwuhaké makna kang luwih teges. Bisa maknané perkara kang ana sesambungané, bisa uga kahanan kang mbangetaké.
Tuladha:
•    sato kéwan = perkara kéwan
•    ayem tentrem = tentrem tenan
•    tepa tuladha = tuladha
•    tresna asih = asih tenan
•    colong jupuk = perkara nyolong utawa kagiatan nyolong.
Tembung garba yaiku tembung kang asliné seka tembung loro (2) utawa luwih kang dadi wujud anyar.
Umpamane:
•    ana + ing ---> anèng
•    siti + inggil ---> sitinggil
•    nara + indra ---> narendra

Tembung Rangkep (Basa Indonésia: Kata ulang), kuwi sakabèhing tembung (senadyan mung sawanda), kang diwaca kaping pindho. Tembung Rangkep iki dibédakaké dadi telung werna, yakuwi: tembung dwilingga, tembung dwipurwa lan tembung dwiwasana.
Bab lan Paragraf
[delikna]
•    1 Tembung Dwilingga
o    1.1 Miturut owah orané lingga
o    1.2 Miturut tegesé
•    2 Tembung Dwipurwa
•    3 Tembung Dwiwasana
•    4 Delengen uga
•    5 Wacan
•    6 Pranala njaba

[sunting] Tembung Dwilingga
[sunting] Miturut owah orané lingga
•    Dwilingga padha swara, yakuwi tembung kang diwaca kabèh linggané kaping pindho. Contoné: ibu-ibu, bapak-bapak, ésuk-ésuk, ramé-ramé.
•    Dwilingga salin swara, yakuwi tembung kang diwaca kaping pindho nanging ana wanda kang owah. Contoné: wira-wiri, mleba-mlebu, meta-metu, mrana-mréné.
[sunting] Miturut tegesé
Tembung dwilingga bisa dipérang uga mturut tegesé utawa dadiné, antara liya:
•    Dadi tembung aran. Conto: undur-undur, uget-uget, alang-alang, ari-ari, ali-ali.
•    Dadi tembung kaanan. Conto: mangar-mangar, kelap-kelap, rintik-rintik.
•    Mbangetaké. Conto: Aja asin-asin (aja asin banget), Aja seru-seru (aja seru banget).
•    Tansah. Conto: Wis ajar kok ora isa-isa (tansah ora bisa), Arep wiwit maca kok lali-lali waé (tansah lali).
•    Senadyan. Conto: Alon-alon (senadyan alon), cilik-cilik (senadyan cilik).
•    Wektu. Conto: Awan-awan, bengi-bengi, bedhug-bedhug.
•    Paling. Conto: Murah-murahé, akèh-akèhé, larang-larangé.
[sunting] Tembung Dwipurwa
Tembung Dwipurwa kuwi tembung kang diwaca kaping pindho mung wanda kang pisanan baé. Conto: dedunung, tetuku, lelaku, leluri.
[sunting] Tembung Dwiwasana
Tembung Dwiwasana kuwi tembung kang diwaca kaping pindho mung wanda kang kapindho (mburi. Conto: cekikik, cekakak, jelalat, mbedhudhug, jegègès,

Pepindhan adalah kalimat untuk menekan situasi dan kondisi agar menjadi lebih dalam atau sangat maknanya dari arti kata yang sebenarnya.
Misalnya: Lakune kaya macan luwe.
Lakune = Jalannya
kaya macan = seperti harimau
luwe = lapar.
Artinya cara berjalan seseorang sangat indah, begitu gemulai, serasi sama postur tubuhnya.
Contoh lainnya:
Antenge kaya temanten ditemokake
Bungahe kaya ketiban ndaru
Cahyane bingar kaya lintang johar
Dedege ngringin sungsang
galake kaya macan manak
Padhange kaya rina
Polahe kaya gabah diinteri


Tembung Sanepa adalah kalimat yang tersusun untuk menekan agar berarti sangat. Kata punyusun dari kalimat tersebut berupa lawan kata yang sesungguhnya. Misalnya kalimat 'eseme pait madu' yang terdiri dari eseme = senyumnya, pait= pahit, madu=madu. Arti dari kalimat tersebut adalah SENYUMNYA MANIS SEKALI. Jelas bahwa kata 'pait' itu untuk menekan agar senyum yang ada berarti sangat manis. Karena semua tahu bahwa madu memang manis, sehingga di'sanepa' dengan kata 'pait' justru berarti amat sangat manis.
Contoh lainnya:
Rasane Legi Butrawali = Rasanya pahit sekali
Rasane= rasanya, Legi= manis, butrawali = buah yang rasanya pahit
Pikirane landhep dengkul = pikirannya bodoh sekali
Pikirane = pikirannya, landhep = tajam, dengkul = dengkul

RURA BASA
Rura utawa rurah tegese rusak.
Rura basa tegese basa rusak. Nanging senajan rusak yen dibenerake malah dadi ora lumrah. Contone : nggodhog wedang. Sabenere nggodhog banyu kanggo gawe wedang. Nanging yen dibenerake dadi nggodhog banyu malah ora lumrah. Mula sanajan salah nanging kaprah, banjur dianggep bener.

Conto liyane :
1. Menek klapa.
2. Nguleg sambel
3. Ndheplok glepung.
4. Mikul dhawet.
5. Ndondomi clana.
6. Ndheplok gethuk.
7. Mbathik iket.
8. Ngenam klasa.
9. Mbunteli tempe.
10. Adang sega.
11. Nutu beras.
Rura basa ( Salah kaprah )
Adang sega : Adang beras supaya dadi sega
Kelan lodheh : Kelan janganan supaya dadi lodheh
Mbuntel tempe : Mbunteli kedhele campur ragi supaya dadi tempe
Menek kelapa : Menek wit kelapa
Ndondomi klambi : Ndondomi kain supaya dadi klambi
Ndhudhuk sumur : Ndhudhuk lemah digawe sumur
Negor gedhang : Negor wit gedhang
Mikul dhawet : Mikul klenthing isi dawet
Netel jadah : Nethel ketan supaya dadi jadah
Ngenam klasa : Ngenam mendhong supaya dadi klasa
Nggodog wedang : Nggodog banyu digawe wedang
Nglinting rokok : Nglinting bako lan klobot supaya dadi rokok
Nguleg sambel : Nguleg uyah lombok supaya dadi sambel
Nulis layang : Nulis ing dluwang kanggo kirim layang
Nunggu manuk : Nunggu pari supaya ora dipangan manu

Tidak ada komentar:

Posting Komentar